Sabtu, 06 Agustus 2016

Sesorah (Pidato) Basa Jawa Perpisahan Kelas XII


 Assalamu’alaikum Wr. Wb.

Bapak Kepala Sekolah SMA N 1 Semarang ingkang dahat kinurmatan, Bapak Ibu guru saha karyawan ingkang kula hormati, tamu undangan ingkang kula hormati, uga mboten katalumpen rencang rencang sedaya ingkang kula tresnani,

Puji syukur dhumateng Gusti Ingkang Maha Agung ingkang sampun maringaken nikmat kesarasan dhumateng kita sedaya, saengga kita sedaya saged sesarengan kempal dhateng adicara perpisahan sakmenika kanthi mboten wonten alangan saktunggal punapa,

Kula wakil saking rencang rencang kelas XII, namung saged ngaturaken sakagengipun matur nuwun kagem Bapak Ibu guru sedaya ingkang sampun nggulawentah kula lan rencang rencang dangunipun tigang taun dhateng pawiyatan sakmenika.

Kula lan rencang rencang inggih badhe nyuwun donga pangstunipun dhateng Bapak Ibu guru supados saged lancar anggenipun makarya utawi nglanjutaken ing pawiyatan ingkang luwih inggil saengga cita cita kula lan rencang rencang saged kawujud.

Kula inggih gadhah pesen kagem adhik adhik kelas X kaliyan kelas XI supados sregep sinau saengga saged mujudake citacitanipun ingkang sampun dikarapaken,

Cekap sementen ingkang saged kula aturaken, mbok bilih wonten kalepatan anggenpun atur, kula nyuwun aginging samudra pangaksami.

Wassalamu’alaikum Wr.Wb.

Mohon maaf bila ada kesalahan dalam penulisan atau pengejaan. terimakasih

Tidak ada komentar:

Posting Komentar